1. Penulis : Suparto Brata
2. penerbit : Narasi 2012
3. Tebal buku : 192 Halaman
B. SINOPSIS NOVEL
Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha
Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing
taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten
saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun
mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik
gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados
Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo.
Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda
Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh
montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas
Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil
senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge
momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur
Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi
omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat,
Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing
ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati
sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi
bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku
jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital
dipun bumihangusaken.
Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku
Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan
Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun.
Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti.
Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi
nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan
Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti
mboten mendhel.
Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten
dusunipun Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu
padha ngawontenaken serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang
dados kepala regu Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi,
Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten
serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika
bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta
wonten dusun malih, wonten ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru
menika kedah dipundhut supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten
mantra tebih, kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel
undian kangge sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul
Genuk mboten ke lara-lara. Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan
menika sedaya ugi ndamel perkawis ingkang boten rampung , Dasiyun bunuh diri,
Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng
piyambakipun tindhak saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem,
kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih
kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng
nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.